Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dengan label Terjemahan

Teks dan Terjemahan Dongeng 'Allah' (Dongeng Wewulang Becik Jilid 1, Winter, 1889)

Teks      Ana bocah lanang mursid, nunggal saomah karo wong kang anyêmbah brahala, sarta kêrêp amituturi marang wong iku, têmbunge, Allah iku mung sawiji, kang anitahake langit kalawan bumi. Allah anguningani saparipolahing manusa, lan anyêmbadani panyuwune. Allah kang asipat khayun kawasa angukum lan angganjar marang manusa, apadene atêtulung: lan angrusak. Brahala iki kang ginawe lêmah, ora bisa andêlêng tuwin ngrêrungu, lan ora bisa ambêciki apadene angalani ing manusa. Ananging wong kang nyêmbah brahala mau ora nganggêp ing pitutur nyata mangkono iku.      Anuju sawiji dina, barêng wong kang nyêmbah brahala mênyang sawah, bocah mau anjupuk gêgitik kayu, sarupaning brahala banjur dirêmuk. Mung siji sing gêdhe dhewe ora, sarta tangane dicêkêli gêgitik. Barêng wong kapir mau mulih, andêlêng rusaking brahala, atakon kamoran nêpsu: sapa sing gawe pratingkah mangkono iku. Bocah lanang amangsuli, apa kowe ora ngandêl yèn brahala gêdhe iku kang matèni sadulur-d...